Selasa, 15 Desember 2015

NGLELIMBANG MEMETRI BASA JAWI

A.    Jilid II > BAB 4

1.      Judul
“ Punapa Inggih Basa  Jawi Risak utawi Nandhang Raga”

2.      Alesane milih BAB iku

Alesane  milih bab kuwi, yaiku  merga ana istilah sing ngomong nek basa kuwi busanane bangsa. Basa sing sederhana bisa njlentrehkake basa sing nggambarkake masarakat sing nganggo basa kui. Mila, bisa dijlentrehakake uga perkermbangane masarakat, sing ditandhani karo kedadiane perubahan sosial sing mempengaruhi perkembangane bahasa.
Apa meneh nek didileng saiki, basa Jawa kui  dianggep basa sing jadul, bocah enom sing kudune nguri-uri basa Jawa uga malah isin ngomong nggo basane dhewe, mligine basaJawa .

3.      Temane BAB sing dipilih
“ Perkembangan Basa Jawi”

4.      Apik lan kekurangane BAB
Ø  Apike
Apike BAB  “ Punapa Inggih Basa  Jawi Risak utawi Nandhang Raga” eben wong sing maca bab iki kuwi bisa sadar lan uga ora sombong. Maksute kuwi go wong Jawa mligine go cah enom-enom. Wong modern udu brarti ninggalake budaya lan basa sing sejatine klambine bangsa lan jati diri.

Ø  Kekurangane
Kekurangane BAB iki yaiku luih karo penulise cara ngutarake pendapate, menerutku terlalu menggebu-gebu didileng sing tembung-tembunge uga kaya wong sing lagi nesu.
“elo, bocah-bocah iki saiki guneman cara Jawa kok sok ora ngretekake, terkadhang arep nglairake karepe bae blekuken banjur sok cara Landa”.
“ kula dalah ibunipun lare-lare punika waunipun boten ngertosterm-term ingkang kangge wonten ing sekolahan”.


B.     JILID III > BAB 2

1.      Judul
“ MEGATRUH“

2.      Alesane milih BAB iku

Alesane  milih BAB tembang Megatruh yaiku merga nek dibandingke karo BAB-BAB sing liyane, litaratur basa sing digunakake neng BAB iki luwih gampang dingerteni.

3.      Temane BAB sing dipilih
“Khasanah tembang Jawa”

4.      Apik lan kekurangane BAB
Ø  Apike
Apike BAB iki yaiku salah sawijine nganggo nguri-uri tembang Macapat Jawa. Seliyanekuwi neng buku iki penulisan tembange diwenehi tuladha pedhot-pedhotane nembang.

Ulunwajib// angluhuraken / hyangAgung
Kang maha / wikan / lanadil
Asihing / titah / sawegung
Kawula / langkung / pitados

Ø  Kekurangane BAB
Kekurangane BAB sing ana neng BAB Megatruh iki yaiku, cakepan tembang sing diandarake mukur setitik, kurang akeh padhahal cakepan tembang macapat jawa kui akeh refrensine. Seliyane kui uga jlentrehan go dhasar materine tembang kayata, guru wilangan, guru lagu, lan guru gatrane kurang cetha.
Seharuse uga ana katarangan menapa ater-atere Megatruh, sajane tembang macapat kan ana 11, lan nduwen makna sing bedha-bedha. Lajeng nek didileng saka wiwit tekan pungkas, kuwi ora konsisten. Sing dibahas BAB Megatruh tapi akhirane malahan Brondongmentul.

Wong sing maca lan arep nembangake juga bingung merga ora ana jlentrehan  kuwi larase apa pathete pira.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar