Senin, 07 Desember 2015

Kutha Slawi

Kutha Slawi iku ibu kutha Kabupaten Tegal. Kutha iki anane ing Kecamatan Slawi. Slawi kalebu kecamatan neng Kabupaten Tegal, Jawa Tengah, Indonesia.

Panganan Khas

Panganan khas lan kagiyatan kang ana gandheng canenge :
  • Moci - Moci kuwi ngombe teh kanggo jagongan bareng karo kanca-kanca. Teh digawe ana ing poci kang digawe saka lempung. teh poci, teh disok ana ing cangkir nganggo gula batu. Teh ing cangkir diudek. Saengga rasa legine ana wektu isi teh njero cangkir arep entek. Kaya iki nggawe cangkir tetep disok teh terusan.
  • Warteg (Warung Tegal) - Warung kanggo mangan sadina-dina. Panganane kaya sambel goreng ati, mi goreng, sayuran lan sapanunggalane. Warteg saiki ora mung ana ing tegal, nanging wis ana ing ngendi-endi luwih-luwih wis ana ing mancanegara (Jepang dan Australia).
  • Mendoan - Tempe goreng dilapis tepung lan bumbu. digoreng setengah mateng. Biasane nganggo kanca ngombe teh Poci, nganggo sambel kecap lan lombok cilik sing diiris cilik-cilik. Mendoan uga ana ing dhaerah Banyumas.
  • Sega Lengko - Sega lengko digawe saka sega nganggo lawuh tempe lan tahu sing wis diiris-iris, tauge,kol mentah, sambel kacang sarta krupuk.
  • Tahu kuping - Tahu kuning sing disigar dadi loro, ngigare miring (diagonal) banjur ana nduwur bekas sigaran di wenehi adonan tepung sagu (aci neng basa tegal) banjur digoreng. Diarani tahu kuping amarga tahune kaya nduwe kuping saka adonan tepung sagu mau.
  • Rujak Teplak yaiku rujak sayur isine kangkung, kol, tauge, sawi, lan nganggo sambel Tape.
  • Gemblong kocar-kacir.
  • Soto Tegal - Soto (sauto) sing nganggo sambel tauco.
  • Kemronyos - Sate khas Tegal.
  • Kupat glabed.
  • Kupat Bongkok - kupat saka desa Bongkok.
  • Kacang Bogares - panganan khas saka Bogares Kidul
  • Pilus panganan cilik digawe saking tepung terigu.
  • Krupuk antor.
  • Opak yaiku panganan bunder digawe saking tela pohung, rasane asin gurih, enak dipangan nganggo sambel.
  • Sate bebek Majir.
  • Sate blengong (perkawinan antara itik lan menthok).
  • Jenang/ dodol glempang
  • Nasi Ponggol Setan (Pongset)
  • Olos yaiku panganan khaas kaya bakwan nanging bentuke bunder isine sayuran kol lan rasane pedes.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar