Ketoprak
Ketoprak kalebu salah sawijining
kesenian rakyat ing Jawa tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa sisih Wetan
(Jawa Timur ).Ketoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa tengah lan biso
ngasorake kesenian liyane ,umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Ketoprak
wiwit bebukane awujud dedolanan para priyo ing dusun kang lagi nganaake lelipur
sinambi
nabuh lesung kanthi irama ana ing
waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang
bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan gendang,
terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira
kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake
pagelaran Ketoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini, Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.
Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini, Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.
Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja
A. Sajarah
Kethoprak
wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing
lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan
purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing
kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan
suling. Mula wiwit saka iku
kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing
tahun 1909 wiwitan
dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan sing
resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani
dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake
yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak
sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing
tlatah Yogyakarta.
Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo
kaering gamelan.
B. Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran
"teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :
· Kothékan
Lesung : awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi
pagelaran Kethoprak.
· Kethoprak Lesung Wiwitan :
wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita ,
panguripané para tani .
· Kethoprak Lesung :
Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata
kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran
Kethoprak.
· Kethoprak
Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman
'mesiran' ( Baghdad ).
· Kethoprak Gamelan
Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake
nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki
ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing
'Pendopo').
· Kethoprak
Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak
kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat,
sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’,
Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak
Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional
kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para nayaga (pemain ) lan
pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran
lan carita digawé luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha
mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung
Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane
masyarakat.
C. Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran
Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng,babad, legenda, sejarah lan
adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane
karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita
baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak),
Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling
Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa
awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing
pungkasan carita sing tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain
dipadakake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para
Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane
ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogjakarta ), Semono
uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,umpamane
Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak,
ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebut
"Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga
ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih
pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan,
yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan
beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing
carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing
sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine
Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan)
,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo
tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (
rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo
ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang
mbedakake adegan siji lan sijine.
Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene
D. Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa
gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa
terbang. kanthi tambahankeprak.
Para nayaga kethoprak biasane
pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan,
bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dianggo basa Jawa,
nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa
(ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Saiki, ana ing wolak waliking
jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan
kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan
televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi
ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau
biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe
geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak
ora jangkep.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar