Rabu, 09 Desember 2015

Cerkak Basa Jawa

Daging Qurban Kanggo Ibu
Dening Herlita Ayu
2601414014

Kringete esih durung garing, nanging mesem sing megar nggambar neng wajah ayune sing nggawe adem ruangan sing ukurane 4x6 meter iku, ruangan sing njerone ana pas foto ora pernah garing dening asih tresna. Bapak sing kulite sawo mateng, Ibu sing pinter masak lan Yusuf, bocah sing umure ngidak SD, sing sasi wingi bar khitanan neng dina kemerdekaan sing dirayakake karo wong sekabupaten, wektu hajatan sunat masal saka kepilihe bupati enggal.
Sing ana neng pikirane Yusuf pahlawan nasional iku mung loro, yaiku Bapak karo Ibu. Wong tuwa sing pancen nyata ngisi wetenge bocah iku, lan nyinauni ngaji. Ngaji iku wektu sing paling endah kango Yusuf. Lewat ngaji Yusuf ngerti nek arane jebule yaiku aran ana salah sawijine saka 25 rasul. Sing diutus kanggo kaum madyan. Lan ngaji yaiku siji-sijine alat kanggo sinau Yusuf, merga neng negeri iki esih diumpeke kanggo dijanjike pemilu sing arep teka.
Pernah ana wong calon kepala desa sing teka marang umahe Yusuf, njaluk supaya becak bapak Yusuf panggon lungguhe sing dipasangi foto calon kades kae mau, nganggo imbalan Yusuf bakal disekolahke. Nanging bapak Yusuf ora gelem, luwih milih tulisan lambang NU lan sendhuwure diwenehi tulisan “AKU”.
Bapak Yusuf sing profesine tukang becak mau, gemiene pernah nyantri neng pesantren salah sawijine sing ngadekake NU, meski kuduboyong sedurunge wektu nganggo alasan klasik,ekonomi. Wektu pamitan neng kyai, kyaine pesen,
“apabae pegaweanmu kowe mengko, aja lali dijaga sholate,”
Lan dening kyaine, Bapak Yusuf dihadiahi sarung,
“iki nggo kowe lan iki nggo anakmu sesuk.”

Nikmat sing paling endah sing dicemburuni pemuda sedesa saka bapak Yusuf yaiku Ibune Yusuf. kembang desa sing embuh sebabe gelem dibojo dening bapak Yusuf. Kawinane wong loro kuwi nyedihke lan kebak tangis.
Neng tengahe swasana sakral kuwi akeh warta sing nyebar, wiwit warta nek bapak Yusuf wis metengi ibu Yusuf, ana meneh sing ngomong nek bapak Yusuf nganggo pelet lan warta liyane sing mojokake status bapak Yusuf. Nanging kenyataane yaiku, lorone mbojo, diwenehi anak pas wektu metenge sing normal, lan bisa nglewati urip sing kahanane sangisore cukup.
Yusuf hadiah sing paling apik saka Gusti Ingkang Maha Agung kanggo kulawarga iki, nalika bocah sing seumure njaluk ditokake pit, handphone, utawa liya-liyane naning wektu khitanane, Yusuf mung njaluk dijak mubengi kutha sedina nganggo becake bapane.
Ya emang pegaweane bapak Yusuf yaiku tukang becak sejen karo pegawean PNS utawa pegawe kantoran, nanging kanggo pegawe lapangan sawijine bapak Yusuf, saben dinane yaiku kerja, becake yaiku warisan saka mbahe Yusuf, dadi tukang becak wiwit mbahe Yusuf ninggal, seminggu ba’da metu pesantren. Sarung saka kyaine mesthi ana neng njerone kotak cilik sing neng mburine panggonan nggo lungguh becake, saben krungu swara adzan, deweke mandeg kanggo nglampahi sholat. Sampe pernah dheweke diseneni penumpange merga ora gelem narik becake gara-gara krungu swara adzan. Bapak Yusuf patuh banget marang dhawuhe kyaine, luwih-luwih dipercaya nek ridho guru iku sepadhan karo ridhone Gusti Allah.
Merga seminggu bare khitan, nalika Yusuf wis bisa mlaku normal, mangkatlah kulawarga iku mubengi kutha. Bapak Yusuf ngotel becake kanthi rasa seneng, senajan si Ibu, nuduhke Yusuf aran-aran  panggonan sing diliwati. Bapak lan Ibu Yusuf kelingan mangsa enome utawa basa saikine nostalgia, masa pacaran lorone bar mbojo. Ya lorone sempet pacaran sedurunge nikah, ketemu neng malam Jum’at wektu diba’an. Esuke bapak Yusuf lewat kyai desa sing esih dadi uwane ibu Yusuf. Seminggune langsung mbojo. Kuwi mau salah sawijine nangapa kawinane lorone dadi poyokan, ditambah gaweane bapak Yusuf sing mukur tukang becak.
Satekane neng warung es kiwane dalan, becak AKU NU iku mandheg.
“ngombe es neng kene ya” tawane bapak Yusuf
Yusuf lan ibune mangguk, ketelune mesen es campur, lan swasana kaya ngene kuwi langka, merga butuh pirang minggu kanggo ngluwihi dhuwit demi ngrasake telung mangkok es campur neng negeri iki, kanggo tukang becak kayadene bapak Yusuf.
“Pak, Ibu suwe ora masak daging ya.” Mojare Ibu karo mandhengi tulisan “Warung Sate Ujang Bujang”
“terakhir wektu Idhul Adha taun wingi ya mak, pas bapak dijaluki khutbah neng desa tangga, olih daging akeh.” Wangsulane bapak karo melu ndeloki tulisan iku.
“Wulan Dzulhijjah sesuk kita esih masak daging ora ya pak?” takone Ibu karo ngerutake batuk.
“Ya semoga ya bu, insyaallah, Gusti Allah bakal wenehi dalan, nanging aja terlalu ngarep kaya taun wingi, bismillah Allah ngerti sing apik.” Wangsulane bapak Yusuf ngibur
Yusuf nyasikake lorone, karo nesusake nginung es campur neng atine
”Ya Allah, wenehi dalan kanggo bapak, emen sesuk Idhul Adha Ibu bisa masak daging”
Allahu Akbar,,, Allahu Akbar,,, Allahu Akbar...
Gemane takbir wengi iku nandakake sesuk Idul Adha, Yusuf uwis neng masjid wiwit maghrib, bareng kanca-kancane. Bapak Yusuf esih durung mulih, biasane mulihe bar isya, bapak Yusuf shalat Maghrib neng dalan, lan jama’ah Isya neng umah sanalika njelma dadi ustad kanggo Yusuf. Neng umah, ibu Yusuf nglantunake ayat-ayat suci Al-Qur’an sinambi ngenteni imame mulih.
Bar shalat Maghrib Yusuf lan kancane mulih, merga sesuke Idul Adha, ngaji neng majjid diliburake, Yusuf biyasane tetep mulih, merga Yusuf sunau Al Qur’an karo Ibune, butuh ewunan lembar nggo ngaji neng masjid desane Yusuf, sing wartane pengajare sarjana, dadi kudu bayar merga biyene sarjana kuwi larang.
“Eh, sesuk ibu kowe nek olih daging masak apa?” pitakone kancane Yusuf
“masak rendang”
“nek ibu aku masak soto daging”
“Ah bapaku biyasane nggawe sate iku daging”
“Eh Yusuf nek kowe sesuk olih daging, dimasak apa?”
“karepe ibu wae dimsak apa,” wangsule Yusuf, sajrone ati “semoga sesuk olih daging”.
Gemuruh takbir, dibarengii swara jangkrik nggantikake swara brisik Yusuf lan kanca-kancane.
Ora kaya taun wingi, bapak Yusuf ora dijaluk kanggo kutbah, saiki bapa Yusuf mung dadi tim qurban neng desane, dadine dheweke ora narik becak. Ba’da shalat id, bapa Yusuk karo golok sing dikei uwane wis siap neng ngarep masjid, bareng karo bapak-bapak sing liyane. Taun iki desa Yusuf olih akeh kewan qurban, lima wedhu lan sapi qurbane pak kades.
Neng umah, ibu Yusuf uwis masak sega lan nyiapake bumbu kanggo masak daging, Yusuf ugs esih neng masjid, kanggo ndelok proses sembelihane qurban. Ora butuh wektu suwe kanggo mroses tekan mbagi nkewan kuwi, satekane duhur, kewan qurban uwis dibagi, lan jatah panitia wis dibagikake, neng desa Yusuf panitia olih jatah dadi warga lan jatah panitia, sing kelorone jatah iku dibagikake neng masjid, dadi para garwa kudu ngenteni balik kanggo masak daging kuwi.
Merga bapak Yusuf diceluki uwane, Yusuf dijaluki kanggo mulih ndisiti karo ngawa daging jatah bapake.
Umah karo masjid jarake ora patia adoh mung nglewati pirang umah, lan 500 meter pemateng sawah. Neng tengahe dalan, Yusuf mbayangake senenge ibune, merga nggawa daging lumayan akeh, kira-kira setengah kilo. Krungu swara sawah neng desane, Yusuf nganggo sarung sing maune dislempangake. Neng desa Yusuf hampir kabeh sawah ana gubuke, gubug iku saliyane nggo istirahat sawise gegawe uga dinggo nggo shalat. Bare shalat, Yusuf ngrebahake awak sedelat merga srengenge wektu iku esih panas banget.
Dina wis saya Maghrib neng umah Yusuf, harta sing berharga durung uga teka, raine ibu wis kusut banget, wedhi nek anak semata wayange knangapa-apa.
“Ibu sing sabar ya, Insya Allah ora kedadean apa-apa”
“tenang piye? Bapak sih, mesthine mau anake dijak mulih bareng, malah ditinggal”
Bapak mung mesem tipis nanggapi gemrusuke ibu, lan nembung
“Yawis, kita shalat Ashar sit, bar kuwi bapak nggoleki Yusuf”
Akhire ibu rada tenang, lan shalat neng pengujunge ashar.
“Assalamualaikum swara salam sing ora asing meneh kanggo umah iki.
Ibu lubar bae rampung wirid, langsung mlayu metu,
“Ya Allah Yusuf, kowe neng ndi wae, Bapak karo Ibu nyampe kawatir”
Yusuf langsung nyikep sikile ibune, karo nangis.
“Yusuf ngapura Bu”
“Lho-lho nangapa,? Nangapa kowe nangis?”
Yusuf mung nangis mangsuli pitakine ibune,
“maafna Yusuf bu”
“maaf piye to Suf” takone Ibu, kekederen.
“Daging sing dibekta saking masjid ical....., wau Yusuf ketileman wonten gubug, pas tangi daging Yusuf sing dibekta boten wonten” wangsulane Yusuf karo nglanjutake tangise.
Bapak Yusuf sing ndelokake bocah iku, mung mesem.
“wis-wis, wis maghrib, kita shalat sit bar kuwi mangan, kowe ngelih to???” ujare bapak
“Maaf nggih bu, Ibu dados boten saged masak daging”
Ibu ngguyu, nyambi ngibur Yusuf anake,
“Yusuf, seneng kuwi ora kudu mangan daging to?, nggo apa ibu mangan daging nek kowe ora balik ngomah, yo wis ayo saiki shalat, bar kuwi mangan, kowe mesthi ngelih, sedina ora mangan”
Ba’da Maghrib, kulawarga cilik iku kumpul neng ruang ngarep, lan Yusuf esih nangisi penyeselane.
“Uwis, Suf mandeg o nagismu, ngko banyu matane entek lho, ayo mak,toke masakane”
Semangkok soto daging lan sanga tusuk sate ditokake ibu saka pawon. Weruh panganan iku Yusuf kaget,
“i...ibu olih daging saking pundhi?”
Ibu mung mesem, tanpa wenehi wangsulan saka pitakone Yusuf.
Mbarengi Yusuf mangan daging sing digawa awake dhewe, panggonan sing cilik iku kethok kayadene restoran bintang lima, dikancani swara jangkrik. Lan kulawarga sing sederhana iki, esih ana anak,bapak, lan ibu sing esih mburu Dzulhijjah sing daging qurbane ngurbanake menungsa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar