Selasa, 15 Desember 2015

Investigasi



Salahe Anak Apa Wong Tuwa


            Rabu, 29 April 2015, Akhir-akhir iki fenomena penyimpangan sing ana neng remaja lan dewasa  saya amba salah sijine penyimpangan mahasiswa . namung  babagan  iki wis kedadean awit biyen. Para pakar psikolog mesthi ngupas perkara sing ora pernah ana enteke yaiku penyimpangan, kaya bunderan ireng sing ora pernah ana tugele. Perkara penyimpangan  kuwi perkara sing kompleks sing kedadean neng Indonesia, bebarengan karo arus modernisasi lan tekhnologi sing saya ngrembaka. penyimpangan biasane dilakokake remaja-remaja sing gagal nglakoni perkembangan awake dhewe, Wektu kuwi remaja utawa masa kanak-kanake. Secara psikologis kenakalan remaja kuwi wujud perkara sing ora bisa dirampungake sing apik wektu masa remaja utawa kanak-kanak dening pelakune. Ngatasi kenakalan remaja, brarti nata meneh emosi remaja.  Trauma-trauma sing neng uripe kudu dirampungake, kae kabeh kudu diwenehi lingkungan sing sejen karo lingkungan sing sedurunge.
            Sing ditakokake: tugase sapa kuwi kabeh? Wong tua? Senadyan wong tua wis saya mumet karo perkara pegawean lan beban urip liyane. Sedulur? Kae kabeh uga duwe masalah dhewe. Ora gampang kanggo njawabe. Nanging  wenehi lingkungan sing apik awit cilik, disartai pamahaman perkembangan sing apik. Kenakalan remaja kuwi salahe sianak apa wong tuwa? Merga akeh wong tuwa sing ora berperan sebagai wong tuwa sing seharuse. Kae kabeh mukur nyedikake banda lan sarana sarta fasilitas kanggo sianak tanpa mikirake kabutuhan batine. Wong tuwa uga sering nuntut akeh tapi klalen menehi contoh sing apik kanggo si anak. Nalika ngomong babagan iman, kita memperkarakake nilei, lan biasane nglalikake sesuatu, yakuwi pengaruh wong tuwa. Didikan wong tuwa sing salah bisa bae dadi sabab sosiopsikologis utama sing ditimbulake kenakalan remaja mau.
            “Sebut bae Yola”, mahasiswi saka Undip fakultas Ilmu Sosial lan politik jurusan Public Relation D3 saikine wis semester enem, lagi usung-usung skripsi. Si Yola duwe pacar arane Rafi Husain, mahasiswa saka Universitas Padanaran jurusan menejemen semester loro. Wong loro kuwi wis pacaran kurang luwihe setengah tahun. Awal mulane ketemu neng tempat kerja, pacaran sing dilakukake wong loro kuwi wis ora selazime wong pacaran. wong loro kuwi menawa dibasakake kuwi kumpul kebo, dadi saumah tapi durung ana ikatan pernikahan, babagan sing wis dilakokake yaiku kaya ciuman, lan sapanunggale. Saben dinane sing dilakokake kaya wong umume sing wis mbojo. Ngumbahkake klambine, ngater jemput kuliah lan kerja. Penyimpangan sing ana neng kalangan mahasiswa ora namung kuwi mawon, “sebut bae Tarjo” mahasiswa saka Universitas Padanaran semester loro jurusan menejemen, Tarjo nduwe kanca sing ngonsumsi narkoba arane Samad, gara-garane ngonsumsi narkoba mau perilakune Samad dadi sejen ora kaya biyasane. Luwih cenderung meneng, sering dewekan, plonga-plongo kaya wong sing bingung. Samad juga ngajak si Tarjo kanggo meluni, nanging Tarjo ora gelem. Perilaku sing wis dijlentrehake neng duwur mau, perilaku sing ora patut, uga ana sababe, antawise yaiku faktor lingkungan sing paling utama, faktor keimanan, lajeng faktor adoh sing wong tuwa. Kuwi mau kabeh penyimpangan-penyimpangan sing wis dilakokake bisa diarani bentuk ekspresi merga pengin diperhatikake lajeng kurange pondasi sing wong tuwane. Sebenere nurani generasi muda kuwi kepengin, aja marai kita selingkuh, aja marai kita ngomong saru, ora jujur, males sinau, males ibadah, nresnani banda sing kaluwihan, lan lali karo sang pencipta, yakuwi Allah. Kenakalan kuwi ora namung  identik karo remaja, tapi malah kenakalan sing dilakokake karo wong tuwa (neng umah, masarakat,)sing akhire uga Dadi inspirasi remaja kanggo nglakokake nakal.
            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar