Mrebes Mili
Dening Herlita
2601414014
Wengi sepi ora
ana lintang, namung langit sing peteng kena sabetane cahya sing rame neng
dhuwur karo mudun ewunan banyu saka mata iki. Jam pitu wengi aku durung krungu
swara adzan , aku usaha ngadem lan ngiyup nlesep neng wong-wong, nanging ora
suwe aku milih mulih cepet. Sakleyaban neng jrone pikiran luwih apik balik
cepet lan lungguh neng omah tinimbang meneng ngiyup dadine aku mulih tengah
wengi.
Aku katisen
banget, neng jero angkot aku nyoba emen ora ngrasakake lara sing ngganduli
sikilku. Samudune aku sing angkot, aku selak nyebrang lan nyoba mlayu
sabanter-bantere emen cepet tekan ngomah....
“
sssss...sss...sss... lara ma lara”
“sabar ya ndu,
larane mengko mesthi ilang” karo mata sing mbanyu Mama ngurut sikilku.
Ngendikane guru
mapel biologine aku, aku kaya ngene merga aku alergi atis. Saben nggal dina aku
ngrasakake lara kaya ngene, aku nangis sabanter-bantere kanggo nahan lara sing
tak rasakake saiki.
Ngesuke neng
sekolah, sesuk iki aktivitas sing paling wiwit neng sekolah bareng kanca-kanca,
ya kaya biyasane saben dina Senen iku jadwale upacara. Dina iki kahanane aku
lagi kurang apik merga wingine aku bar kudanan dadine kaya ngene.
Nalika aku lagi
penghormatan karo bendera merah putih, sawangane aku wis remeng-remeng dadi
sajrone etungan detik aku ambruk. Esih krungu cetha kanca-kanca padha ngundang arane aku.
“Lis,Lisma...tangi
Lis”
Emang krasa ana
wong sing nyoba ngangkat aku, aku pengin banget nyoba ngawe-awe tangan karo
wenehi ngerti nek aku ora knangapa-apa mung aku nyoba nggerakake sikil ning iya
kuwi ora bisa. Pengin banget aku ngadeg jejeg meneh dadi pandu mamaku neng
upacara iku mung nyatane aku kangelan mbuka mata iki, kanca-kanca sing dadi
anggota PMR iku nggawa aku neng ruang guru nyoba nyadarke lan salah siji ana
sing nguculke kaos kakiku.
“Atis banget
sikile, haduhh cepet wenehi minyak kayu putih” kandane Fajri ketua PMR.
“Lisss... tangi
Liss”
Aku krungu lan
ngerti banget swara iku, ya iku swara Winda sing nyekeli tanganku lan mbaluri
minyak kayu putih ngusaha nyadarke aku. Nalika Winda nguculke tangane, tangane
aku nyoba nyandhak tangane Winda lan mataku bisa tak buka nanging ora bisa aku
nyawang jembar sacedhake aku. Kanca-kanca pada mbalur minyak kayu putih tangan
lan sikilku nanging sing ana tambah atis lan raiku sansaya pucet.
Alon-alon aku
nyoba tangi kanggo ngombe wedang anget sing wis disediakake dening Bapak Kepala
Sekolah. Sawise upacara lubar siji sawijine guru padha niliki aku.
“Sapa sing
pingsan” takone Bu Lutfah guru piket
“Niki Lisma bu”
Wangsulane Winda
“Oh Lismawati
nangapa, lagi lara tah”
Semaure nggo aku
karo ngelus pundhake aku lan masang mesem sing manis. Pirang menite aku luwih
milih lunga menyang kelas sing panggonane lumayan adoh karo posisine aku saiki,
aku disaranke mulih nanging ORA! Aku ora gelem mulih. Dina iki ana mapel
kesenanganku yaiku “Matematika”.
Telung dina
kepungkur aku diizinke sekolah karo Mama merga awakku sing sansaya parah, dina
kepapate aku gage kanggo mangkat sekolah.
“Lis...Lisma iki
Mama nggawe sarapan kanggo kowe nduk” celuke Mama nyambi nggedor lawang, aku
gage mbuka lawang.
“Lisma kowe arep
mangkat sekolah”
“Enggih Ma,
sarapane dibekta mawon nggih Ma”
“Lis, kowe esih
lara nduk. Kowe aja mangkat sekolah sit, disehat-sehat emen cepet mari”
“Boten Ma, Lisma
boten menapa-menapa. Niki Lisma saged jumeneng”
“Kowe ora gelem
nurut karo Mamamu iki?” Pitakone Mama sing mendhuwur. Mama ngunci aku...
“Ma buka ma,
ampun dikunci Lisma Ma. Lisma pengin sekolah ma... Mama”
Semaurku nyeluki
Mama nanging Mama ora nggubris aku, aku gemboran nyeluki Mama dikancani watuk
karo nggedog-nggedog lawang. Sajam lewat.....
“Mama ora gelem
nek kowe tambah lara Lis. Kowe kudu akeh istirahat”
“Mama goroh.
Mama boten sayang kaliyan Lisma!” wangsulanku karo nada duwur lan nendang
lawang kamar.
Keprungu swara
kunci muter, lawang kamar kebuka Mama nyikep aku.
“Mama ora
ngapusi nduk. Mama sayang Lisma” nanging karo gemrusuk tak uculke sikepane
Mama.
“Nek Mama sayang
kaliyan Lisma. Izinke Lisma pangkat teng sekolah”
“Iya nduk,iya.
Mama anter ya”
Satekane neng
sekolah. Mama pacelatonan karo ibu guru , aku wis telat sajam pelajaran...
“Bu...Bu niku
Lisma Bu, Lisma watuk lan mimisan” omonge Devi wwektu iku karo kaget merga wedi
getih, gagea lapor. Wektu iku aku wani nyawang mripate Mama, nanging Mama mlebu
ruang kelas.
“Lis kowe rapapa
nduk” ujare mama karo nyikep lan nangis terus nggawa neng rumah sakit sing
cedhak.
Mama ngomong,
ngendakane dokter aku kurang istirahat merga aku kekeselen, panase aku saya
dhuwur dadi aku watuk getih lan mimisen. Pirang dinane aku esih durung bisa melu
jam pelajaran kaya biyasane.
Aku nglamun lan
kegawa, kelingan nalika pirang dinane aku nendhang lawang terus Mama nyikep lan
nangis. Aku ngetung dina,jam, menit, pengin banget rasane ati iki njerit tangan
iki nggenggem mata iki tak meremke aku nangis mrebes mili. banyu mata? Mendi
banyu mataku, rasa-rasane aku wis suwe ngrasakake lara sikil iki sing dahsyat
banget, aku njerit nanging banyu mata iki ora teka. Nengendi banyu mata, ati
iki kelingan mama. Mata iki kebuka kahanane aku wis mending, wektu iki mataku
nglirik jam sing tembok iku.
“Hah? Wis hampir
tengah wengi nanging kok Mama durung mulih kaya biyasane yah?, apa Mama
nglembur. Nanging biyasane kan wenehi kabar”
Sesukane, aku
digugah karo srengenge sing ngobori mata iki. Esuk-esuk kan apik kanggo
mlaku-mlaku apameneh iki dina minggu. Krungu swara lawang sing mbuka, aku gage
metu kamar weruh Mama nembe wae mulih.
“Mama kok nembe
kondhur?”
“Iya ndhuk”
Wajahe Mama katon
pucet, maune aku pengin ngajak Mama nggo mlaku-mlaku nanging rasane ora mungkin
merga kahanane Mama lagi nkurang apik lan mungkin arep istirahat sawise adus
mengko.
“Ma Lisma
pangkat mlampah-mlampah riyin nggih boten lami kok, Lisma langsung wangsul Ma”
“Ya nduk
ati-ati” wangsulane Mama karo swara lemes.
Samulihe aku,
katon akeh wong neng jerone umah alon-alon aku nglangkah karo takon-takon ati
iki jan heran banget ramene umah iku nalika aku nembe wae muncak ana neng
nduwure tangga umah iki....
“hah?, Mamaaa....”
aku njerit-njerit nyoba nangike Mama nanging apa undangan iku namung harapan.
Tante Ain nyikep
aku wektu iku wenehi ngerti aku nek Mama ditemuke lagi ana neng latar mburi
tiba pingsan karo selembar tisu sing kebak getih lan nalika iku uga tante Ain
sing pertana kaline wweruh Mama nyoba nangikake Mama nanging Mama saiki wis ora
ana.
Nalika Mama wis
bar dimakamke....
“Lis, ayo
mulih?” ujar tante Ain
“kowe rak papa
to Lis?”
“Boten tante,
Lisma boten napa-napa” karo swara lemes aku mangsuli pitakonan iku karo mesem.
Saiki wengi wis
teka, karo nibakake awak iki neng dipan lemese awak lan raga iki sinambi nyikep
potret Mama sing tak kangeni, aku bener-bener ora nyangka bakal kaya ngene
dadine.
“Alhamdulillah
Gusti, Tolong omongake aku neng sepertigane wengi iki aku bakal mesem lan gage
njukut banyu wudhu. Sajrone pandonga aku neng wengi iki.....
“Ya Gusti, aku
ora nyangka Mama bakal lunga secepet iki.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar