Pusaka
Sing Diduweni Arjuna
Pusaka kanggo tokoh pewayangan yaiku hal mutlak sing
wajib diduweni, pusaka iki
nggambarake senjata utawa pusaka sing didhuweni dening penengah pandawa lima
yaiku Arjuna. Bisa langsung kita simak kisahe neng ngisor iki.
Arjuna nduweni pirang-pirang pusaka lan ajimat. Pusaka-pusaka
arjuna antarane yaiku panah gendewa saka batara agni sakwise dheweke ngewangi
batara agni mungsuh batara indra karo ngobong alas kandawa, panah pasopati saka
kirata, sawong panyelak wujud saka batara guru, sadurung arjuna mateni
niwatakaca, kuluk emas saka batara indra, panah angenyastra, sakwise dheweke
ngalahake prabu niwatakaca lan dadi raja para widadari sajrone pitung dina,
keris pulanggeni, panah ardadali, panah cundamanik, keris kalanadah sing asale
saka siung batara kala, panah sarotama, panah brahmasirah, lan arya sengkali,
kapapate saka Resi Drona, lenga jayangketon saka begawan wilawuk, maratuwane,
pusaka mercujiwa, panah brahmasirah, cemethi kyai pamuk, panah mergading lan
akeh meneh.
Arjuna tau ngewangi demang sagotra rukun karo
bojone wektu dheweke nggoleki sega bungkus kanggo nakula lan sadewa sakwise
kadadean balesigala-gala. Kedadean iki sing nggawe demang sagotra iklhas dadi
bolo pandawa mbesuk sak jerone perang baratayuda.
Sakwise pandawa dibebungahi alas kandaprasta sing kenal angker, arjuna ketemu karo begawan wilawuk sing lagi nggolekekne lanang sing diipekne putrinya. Wektu kuwi begawan wilawuk sing dadi buta nggawa arjuna lan rabekne dheweke karo putrinya, dewi jimambang.
Jarene iki bojo pisanan saka arjuna. Saka maratuwane, dheweke mbisa warisan lenga jayangketon sing berhasiat bisa ndeleng makhluk lembut nek dioleskan neng mripat. Lenga iki berjasa gedhe kanggo para pandawa sing wektu kuwi ngadhep karo lelembut yudistira lan sedulur-sedulure sing ora bisa didelok mata biyasa. Wektu kuwi ugaa arjuna bisa ngalahake lelembut dananjaya saka wilayah madukara. Lelembut danajaya nuli merasuk jero awak arjuna. Kajaba mbisa jeneng dananjaya, arjuna uga nyaka wilayah kesatrian neng madukara karo patih suroto dadi patihe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar