Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait
macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku
kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru
lagu.[1] Macapat kanthi
jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing
Palembang[5] lan
Banjarmasin.[6] Biasané
macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben
patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab
iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira
muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané
pengaruh Walisanga, nanging bab
iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.[8]
Karya-karya
kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis
nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining
tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka
asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto
karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi
tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat
digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné
tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi
tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké
prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang
tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi
tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]
Yèn
dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan
jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa
amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning
macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan
jroning macapat mau antara liya:
- Guru
gatra : wilangan larik/gatra
saben pada.
- Guru wilangan : wilangan wanda saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing
saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar
sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar
alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Bab lan Paragraf
- 1 Étimologi
- 2 Sajarah
- 3 Sekar Macapat utawa Sekar Alit
- 4 Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
- 5 Sekar Ageng
- 6 Guru Gatra Guru Wilangan
- 7 Tuladha
- 8 Perkembangan macapat
- 8.1 Sastra Jawa Kuna
- 8.2 Sastra Jawa Pertengahan
- 8.3 Sastra Jawa Zaman Islam
- 8.4 Sastra Jawa Zaman Surakarta Wiwitan
- 9 Pesen jroning Macapat
- 10 Rujukan
- 11 Delengen Uga
- 12 Pranala njaba
Étimologi
Macapat kerep
dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit
saben patang wanda.[7] Nanging iki
dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining
pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké
sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.[7]
Sajabané sing
wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang
cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan
jroning panembangan macapat.[7]
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat
minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké
nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu,
isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut
ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning
para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang
pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri.[7] Nyatané iki
klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro
klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh
bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben
bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri
utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké
déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat
utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké
marang para wali.[7]
Sajarah
Macapat
minangka sebutan metrum puisi jawa
tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané
pancèn angèl dilacak sajarahé.[15] Poerbatjaraka mratélakaké
yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat
wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing
wiwitan periode Islam. Pratélan
Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan
tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang
sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing
tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat
tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn
tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi.
Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa
Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki
adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata.
Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar
yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné
Zoetmulder luwih kurang
ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan
lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto,
1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing
nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari
saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber
liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara
wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan
Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat,
Sunan Kudus, Sunan Geseng,
Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja.
Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani
lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa
tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana
panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
A). Tembang
macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang
macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé
kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika
pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ).
Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi
anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B). Tembang
macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang
macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa
kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat
urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan,
sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan
muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh
disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair
karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung,
banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan
kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti
iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
C). Tembang
macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 :
35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal
basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa
jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa
nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh
miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan
lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang
ing Bali lan basa jawa anyar kanthi
macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra
jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga
sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi.
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi
abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya
kang ing ngisor iki:
- Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané
ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh
lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané
ibuné.
- Mijil: Ateges
wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
- Sinom: Ateges
kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya
bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
- Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
- Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya
lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
- Gambuh: Saka
tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau,
ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
- Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi
seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan /
bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi
bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
- Durma: Saka
tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh
rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan,
mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha.
Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé
manungsa.
- Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
- Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi
wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
- Pocung: Yen wis
dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Sekar Ageng
Sekar macapat
Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng
seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman
kuna.
Guru Gatra Guru Wilangan
Supaya luwih
gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka
tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
|
|||
Sekar Macapat
|
|||
Mijil
|
6
|
10, 6, 10,
10, 6, 6
|
i, o, e, i, i
,u
|
Sinom
|
9
|
8, 8, 8, 8,
7, 8, 7, 8, 12
|
a, i, a, i,
i, u ,a ,i, a
|
Dhandhanggula
|
10
|
10, 10, 8, 7,
9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i, a, e, u,
i, a, u ,a ,i, a
|
Kinanthi
|
6
|
8, 8, 8, 8,
8, 8, 8
|
u, i, a, i,
a, i
|
Asmarandana
|
7
|
8, 8, 8, 8,
7, 8, 8
|
a, i, e, a,
a, u, a
|
Durma
|
7
|
12, 7, 6, 7,
8, 5, 7,
|
a, i, a, a,
i, a, i
|
Pangkur
|
7
|
8, 11, 8, 7,
12, 8, 8,
|
a, i, u, a,
u, a, i
|
Maskumambang
|
4
|
12, 6, 8, 8
|
i, a, i, a, a
|
Pucung
|
4
|
12, 6, 8, 12
|
u, a, i, a
|
Jurudhemung
|
7
|
8, 8, 8, 8,
8, 8, 8
|
a, u, u, a,
u, a, u
|
Wirangrong
|
6
|
8, 8, 10, 6,
7, 8
|
i, o, u, i,
a, a
|
Balabak
|
6
|
12, 3, 12, 3,
12, 3
|
a, e, a, e,
u, e
|
Gambuh
|
5
|
7, 10, 12, 8,
8
|
u, u, i, u, o
|
Megatruh
|
5
|
12, 8, 8, 8,
8
|
u, i, u, i, o
|
Girisa
|
8
|
8, 8, 8, 8,
8, 8, 8, 8,
|
a, a, a, a,
a, a, a, a
|
Perkembangan macapat
Sajarah
perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé
ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku
tinulis déning para apngriptané.
Sastra Jawa Kuna
Karya sastrané
yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.
Sastra Jawa Pertengahan
Miturut panemu
para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra
jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa
pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki
diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung
Sundayana.
Jroning
lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké
tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan.
Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing
Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram.
Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga
krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran
Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.
Sairing karo sumebaré
ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan
ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing
mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi
digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para
intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri,
Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa
menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran
lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat
panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi
Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana
restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké,
umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga
dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil
rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.
Sastra Jawa Zaman Surakarta Wiwitan
Zaman krajan
Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra
sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para
raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké
minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria
punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat
lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan
Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu
Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul
lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing
diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan
ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan
Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka
pujangga Kasunanan sing kaloro.
Pesen jroning Macapat
Ing sajroning
tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké
yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang
macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun
jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra
dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya
sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur
komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima).
Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké
manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri
lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:
1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda.
Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha,
kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat pralambang utawa
penampilan lakon pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing
dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna
Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna
saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha
sipat ksatria sing pantes dianut.
3.Wirawiyata
Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran
keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan,
katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4.Serat
Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa
adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan
anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh
kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5.Wulang Estri
Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni
urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin,
isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo,
teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi
paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi
Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani
kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6.Candra Rini
Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip
omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi
conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang
yakuwi Sumbadra, Manuhara,
Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja,
Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
7.Serat
Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi
tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana.
Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah
laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.