GLADHEN UJI
KOMPETENSI 1
ULANGAN HARIAN
1
Wacan
1
Ayo Gotong Royong
Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………
Wus dadi
kodrate
Manungsa
mono tan bisa urip dhewe
Saka
lahir prapteng patine
Tansah
gumantung sapepadhane
Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging
nala
Tindakna
ywa nganti kepeksa
Kudu
lila legawa
Sepi ing
pamrih rame ing gawe
Iku
semboyane
Mempeng
makarya kiwakna pepulih
Murih
salwiring gati
Titi
tamat telas lulus basuki
Kabeh
pakaryan linakwan
Kanthi
seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau
suku, penggalihan, apadene redana
Kanthi
dhasar karukunan
Mahanani
bebrayan kang tata tentrem karta raharja
(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)
1.
Kodrate manungsa iku kepriye?
a.
Bisa urip dhewe, ora gumantung wong liya
b.
Ora bisa urip dhewe lan tansah mbutuhake wong liya
c.
Saka lahir nganti mati bisa urip dhewe
d.
Ora perlu bantuane sapa-sapa
2. Kembang-kembang terong
Mbang
terong megare sore
Ayo
gotong royong
Gotong
royong nyambut gawe
Rumapakan iki kalebu .....
a.
Parikan
b.
Geguritan
c.
Cangkriman
d.
Wangsalan
3.
Rumpakan Ayo Gotong Royong sing ditengenake
.....
a.
Cacahing guru wilangan
b.
Runtuting swara
c.
Pamilihing tembung kang mentes
d.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
4.
Rumpakan ayo Gotong Royong kalebu .....
a.
Tembang campursari
b.
Tembang dolanan
c.
Tembang macapat
d.
Geguritan
5.
Mula,
urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Tembung nala,
dasanamane......
a.
Ludira, rah
b.
Angga, badan, salira
c.
Ati, wardaya, kalbu
d.
Netra, paningal, soca
6.
Sepi ing pamrih rame ing gawe,
nduweni teges ....
a.
Sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad
b.
Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep sembulih
c.
Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisaa oleh pituwaskang
gedhe
d.
Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan
sedyane
7.
Kang bisa disumbangake ana ing gotong royong kaya ing
ngisor iki, kajaba ....
a.
Dhuwit
b.
Tenaga
c.
Panganan lan inuman
d.
Semangat
8.
Kang dadi dhasar gotong royong kaya ing ngisor iki,
kajaba .....
a.
Lila legawa
b.
Karukunan
c.
Rasa handarbeni
d.
Pangkat lan drajad
9.
Sing dikarepake gotong royong yaiku ....
a.
Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dununge
b.
Nyambut gawe bebarengan tanpa opahan
c.
Nyambut gawe bebarengan kanthi oleh opah kang murwat
d.
Nyambut gawe ngresiki dalan, gawe kreteg lan
sapanunggalane
10.
Tembung kang tegese meh padha karo gotong royong, kaya
ing ngisor iki, kajaba .....
a.
Reresik dalan
b.
Gugur gunung
c.
Kerja bakti
d.
Usung-usung lumbung
11.
Gugur gunung iku mujudake pengamalan Pancasila kang
kaping ....
a.
Siji
b.
Loro
c.
Telu
d.
Lima
12. Gugur gunung pinangka
salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan.
Tembung tradisi nduweni teges .....
a.
Kuna
b.
Lawas
c.
Turun temurun
d.
Tinggalan
13.
Tembung gotong royong,
menawa ditulis Jawa ....
a.
gt=ry=
b.
[go[toz\[ro[yoz\
c.
[go[t=o[ro[y=o
d.
[go[t=oz[ro[yoz\
14.
Kudu lila legawa, yen ditulis Jawa ....
a.
kufulilXgw
b.
kufulillegw
c.
kudulil[lgw
d.
kudulillegw
15.
Nemoni
kabegjan utawa nampa kanugrahan saka Gusti Allah, bebasane.....
a.
Ngontragake gunung
b.
Karubuhan gunung
c.
Kajugrugan gunung menyan
d.
Katepang ngrangsang gunung
16.
Sesawangan
iku yen sinawang saka kadohan nengsemake, bareng dicedhaki njuwarehi. Sesawangan
kang mangkono iku bebasane ….
a.
Watu gunung
b.
Sri gunung
c.
Tunggang gunung
d.
Gunung geni
17.
Lho
kok njanur gunung kadingaren
esuk-esuk kok wis tekan kene!
Tembung njanur
gunung, kadingaren karepe ......
a.
Kadingaren
b.
Aren
c.
Blarak
d.
Degan
18. Maca
geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….
a. Munggah
mudhune swara
b. Dawa
cendhake tetembungan
c. Gedhe
cilice ukara
d. Rasa
pangrasane pocapan
19. Maca
geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….
a. Tingkah
laku nalika arep maca geguritan
b. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
c. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
d. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
20. Mengkono
uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….
a. Kanggo
mbedakake apik lan orane geguritan
b. Kanggo
nambahi greget anggone maca geguritan
c. Kanggo
ngetokake pinter lan orane sing maca
d. Kanggo
mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
Wacan 2
Sengkut Gumregut
Langit wetan
sumamburat abang
Trontong-trontong
sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir
mutyara rinonce
Angawe-awe
manembrama tekane dina anyar
Nalika sang
surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara
muluk angaluk-aluk
celuk warga desa
Punthuk
Murih padha
mlumpuk ing bambinging gumuk
Selur andalidir
lir sela blekithi
Lumampah
datan ana pedhote
Pacul, arit,
dhandhang, linggis
Wus samekta ing
asta
Gya makarya
saiyeg saekapraya
Sengkut
gumregut tumandang kardi
Nambak-nambal
setu banda kang ambrol
Tangan-tangan
prakosa kinanthen tekad waja
Linambaran sesanti
Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul
baris
Pakaryan abot
lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus
kabanda pengkuh kukuh bakuh
(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)
21. Rumpakan
ing ndhuwur kalebu …..
a. geguritan
b. tembang
macapat
c. tembang
dolanan
d. tembang
campursari
22. Apa
sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?
a. Langit
abang
b. Srengenge
kang njedhul
c. Embun
esuk
d. Swara
dara muluk
23. Tembung
: Bagaskara, tegese padha karo ….
a. rembulan
b. surya
c. angin
d. gunung
24. Dara
muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.
Sing
dikarepake dara muluk yaiku ….
a. Swara
dara mbekur
b. Swara
sawangan manuk dara
c. Swara
kenthongan
d. Swara
ngeploki dara
25. Nambak nambal setu
banda kang ambrol
Ateges
masarakat padha gotong royong ndandani …..
a. Kreteg
b. Dalan
c. Kalen
irigasi
d. Bendungan
26. Selur
andalidir lir sela blekithi. Tegese …
a. Kaya
wong nggiring bebek
b. Kaya
tentara baris
c. Kaya
wayang dijejer-jejer
d. Kaya
semut mlaku ing dhuwur watu
27. Sing digawa dening para warga kang arep gotong royong
kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.
Sapu
b.
Arit
c.
Pacul
d.
Dhandhang
28. ?kufulilXgw,[aorkepekS.
Unine tulisan Jawa kasebut .....
a.
Kudu lila legawa,
ora kepeksa.
b.
Kudu lila lan
legawa, aja kepeksa.
c.
Kudu lila legawa,
aja nganti kepeksa.
d.
Kudu lila lan
legawa, ora kena kepeksa.
29.
Karukunan iku bakal nambahi kekuwatan,
dene yen padudon njalari karusakan, kaya unine paribasan …..
a.
Tuna satak bathi sanak
b.
Obah ngarep kobet buri
c.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
d.
Saiyeg saeka kapti
30.
Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad,
kaya unine paribasan …..
a.
Jer basuki mawa beya
b.
Tangan kumrembyah suku jumangkah
c.
Sepi ing pamrih rame ing gawe
d.
Rumangsa handarbeni wajib melu
hanggondheli
GLADHEN UJI
KOMPETENSI 2
ULANGAN HARIAN
2
Wacan
1
Kanggo mangsuli soal nomer 1 tekan nomer 10
Pocung
1.
Esuk iku para siswa padha ngumpul,
Aneng ngarep kelas,
Dhawuh guru kang den anti,
Guru dhawuh para siswa nambut karya.
2.
Para murid wis nyawiske arit sapu,
Gathul pacul seblak
Kinarya aresik-resik,
Kanggo mahargya pengetan kamardikan
3. Siswa putri sami
sengkut nggenya nyapu,
Miwah tata tata
Nata meja lawan kursi,
Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.
4. Siswa
kakung nyekel pacul miwah gathul,
Ngatur taman kelas,
Babad-babad rumput teki,
Nandur kembang ngrengga kelas sampun purna.
(Pak Jarno, Sleman 20 Januari 2010)
1. Tembang
Pocung iku kalebu golongane ….
a. Tembang macapat
b. Tembang
dolanan
c. Tembang
campursari
d. Geguritan
gagrag lawas
2. Tembang
Pocung ing ndhuwur ana 4
(patang) ….
a. Gatra
b. Tembung
c. Pada
d. Paragraf
3. Saben satembangan tembang Pocung ing dhuwur ana 4
(patang) .....
a. Gatra
b. Pada
c. Guru wilangan
d. Guru lagu
4. Tujuane
para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….
a. Kanggo
mengeti dina kamardikan
b. Kanggo
ngramekake dina kamardikan
c. Kanggo
mahargya dina kamardikan
d. Kanggo
memetri dina kamardikan
5. Tembang
ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….
a. Larik
1 lan 2
b. Larik
3 lan 4
c.
Larik 2 lan 4
d. Larik
1 lan 4
6. Tibaning
swara vocal : a, i, u, e , o ana ing
pungkasan larik tembang diarani ….
a. Guru
gatra
b. Guru
lagu
c. Guru
wilangan
d. Guru
swara
7. Apa dhawuhe guru marang para siswa?
a. Para siswa didhawuhi nyambut gawe
b. Para siswa didhawuhi sregep sinau
c. Para siswa didhawuhi nggawa piranti kerja bakti
d. Para siswa didhawuhi reresik dalan
8. Apa sing ditindakake siswa putri?
a. Ngatur taman kelas
b. Reresik kelas
c. Ndandani meja lan kursi
d. Nyapu dalan
9. Sing ditindakake siswa kakung kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. Ngatur taman kelas
b. Mbabati suket
c. Nandur kembang
d. Ngatur meja lan kursi
10. Nata meja lawan kursi
Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.
Tembung gilar-gilar,
nduweni teges .......
a.
Padhang jingglang
b.
Katon resik lan padhang
c.
Resik banget
d.
Resik lan sehat
Wacan 2
Kanggo nggarap soal nomer
11 tekan 20
Holobis Kuntul Baris
Dening :
Pak Jarno
Rowang,
Aja pijer lungguh jegang
sangga uwang
Nyawang kadang kang sengkut
tumandang
Aja mung dadi mandhor
Tudang-tuding mondhar-mandhir
Mundur mungkur gangsir
Ayo disengkud tumandang !
Mbabati kang rungkud, dimen padhang
Sawangen kae!
Si Sumbul othal-athul
namakake gathul
Dhik Atak giyak-giyak nyekel
seblak
Mas Adul gombal-gambul
ngangkat pacul
Mbak Anggit jingkat-jingkit
maprasasake arit
Rak ora ana sing nganggur ta?
Kanca,
Coba uwuh lan plastik kuwi jupukana
Kumpulna lan buwangen ing
papan kiwa
Aja pating slebar nyenyepet
netra
Mundhak dadi susuhing lelar
Holobis kuntul baris
Makarya kinanthen ikhlasing
nala
Ulat padhang awak sayah datan
rinasa
Usung-usung lumbung rampung
Kelas resik lingkungan sehat
11.
Rumpakan “Holobis Kuntul Baris” iku kalebu ....
a.
Tembang macapat
b.
Tembang dolanan
c.
Tembang campursari
d.
Geguritan
12.
Tembung Holobis
Kuntul Baris, iku satemene jeneng .....
a.
Jeneng panganan
b.
Jeneng kutha
c.
Jeneng uwong
d.
Jeneng bangunan
13. Aja mung
dadi mandhor
Tudang-tuding
mondhar-mandhir
Mundur
mungkur gangsir
Tembung : mandhor, mondhar-mandhir,
mundur ing rumpakan iki migunakake purwakanthi ....
a.
Guru swara
b.
Guru sastra
c.
Lumaksita
d.
Guru lagu
14.
Sing padha gotong royong ana ing rumpakan kasebut kaya
ing ngisor iki, kajaba ....
a.
Mas Galih
b.
Dhik Atak
c.
Mas Adul
d.
Mbak Anggit
15.
Piranti sing padha digawa kanggo kerja bakti kaya ing
ngisor iki, .....
a.
Pacul
b.
Ember
c.
Arit
d.
Gathul
16. Aja
pating slebar nyenyepet netra
Mundhak
dadi susuhing lelara
Dasanamane tembung netra, yaiku ....
a.
Mripat, soca, paningal
b.
Mustaka, mripat, rikma
c.
Wadana, pasuryan, mripat
d.
Karna, talingan, paningal
17. Coba
uwuh lan plastik kuwi jupukana
Kumpulna
lan buwangen ing papan kiwa
Ana ing paramasastra ukara iki kalebu ukara ....
a.
Pakon
b.
Pitakon
c.
Pangajak
d.
Pamenging
18.
Kumpulna lan buwangen
ing papan kiwa
Tegese papan kiwa ....
a.
Papan ing sisih kiwa
b.
Papan sing kerep diambah
c.
Papan sing arang-arang diambah
d.
Papan pembuangan sampah
19.
Sing kalebu ukara sesanti gotong royong saliyane Holobis Kuntul Baris, kaya ing ngisor
iki, kajaba .....
a.
Sepi ing pamrih rame ing gawe
b.
Saiyeg saekapraya
c.
Rukun agawe santosa
d.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
20.
Nindakake gotong royong iku kudu dikantheni ati sing
kepriye?
a.
Lila legawa
b.
Kepeksa
c.
Kebak ing pamrih
d.
Ulat padhang
Wacan 3
Kanggo mangsuli pitakon nomer 21 tekan 25
RUKUN AGAWE SANTOSA
Dening
: R. Tantiningsih
Kadangku……
Donya iki dudu duwekku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener
Kadangku………
Elinga,
Aku lan kowe ora bisa urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengke srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa salira
Urip bakal tentrem ayem
(W Pramono,s,Blog)
21.
Rukun agawe Santosa, nduweni teges .....
a.
Manawa urip rukun bakal mahanani kekuwatan
b.
Kekuwatan iku kudu dikantheni urip sing rukun
c.
Karukunan lan kekuwatan bakal nuwuhake katentreman
d.
Katentreman lan karukunan iku ndadekake masyarakat urip
mulya
22.
Guritan ing pada siji isi piwulang .....
a.
Aja rebutan panguwasa lan golek benere dhewe
b.
Wong urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewe
c.
Tansah nengenake gotong royong lan bantu binatu
d.
Kudu ngedohake jail methakil lan drengki srei
23.
Guritan ing pada loro isi piwulang kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.
Awake dhewe urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewe
b.
Awake dhewe urip ing alam donya iki kudu urip bebarengan
c.
Tansah nengenake sayuk rukun, gotong royong lan
bantu-binantu
d.
Awake dhewe bisa urip dhewe sauger padha gotong royong
lan sayuk rukun
24. Adohna
rasa drengke srei
Jail
methakil
Sing dikarepake watak jail methakil yaiku .....
a.
Ora seneng marang kabegjane wong liya
b.
Apa-apa kudu menang
c.
Atine ala lan seneng maeka liyan
d.
Seneng ngapusi
25.
?ge[dkNrstepsLir.
Unine tulisan Jawa kasebut .....
a.
Gedhekna tepa salira.
b.
Gedhekna rasa tepa slira.
c.
Gedhekna rasa tepa salira.
d.
Gedhene rasa tepa salira.
Wacan 3
Kerukunan iku kaya kartika ing
akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan
bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji
tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya
26.
Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan
ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba
....
a.
Driji lima
b.
Rembulan
c.
Srengenge
d.
Langit
27.
Tembung kang nduweni teges lintang ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a.
Kartika
b.
Akasa
c.
Mardika
d.
Bagaskara
28.
Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Dasanamane bagaskara yaiku ....
a.
Surya, candra, kartika, srengenge
b.
Surya, sitaresmi, akasa, srengenge
c.
Surya, raditya, rawi, srengenge
d.
Pertiwi, buwana, candra, srengenge
29.
Rembulan , yen
ditulis Jawa .....
a. remB|ln
b. remB|lN
c. remB|ln\
d. xmB|ln\
30. ?krukunNnHikukyf]ijilim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a.
Karukunan iku kaya driji lima.
b.
Karukunan iku kaya driji-driji lelima.
c.
Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.
d.
Karukunan iku kaya driji-driji lima.
GLADHEN UJI
KOMPETENSI 3
ULANGAN HARIAN
3
1.
Ana
keyong, digawe sate.
Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….
a. Geguritan
gagrag lawas
b. Tembang
Pocung
c. Parikan
d. Cangkriman
2. “Aku
ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing pas kanggo ukara mau
yaiku ….
a. Piring
beling cacah pitu
b. Piring
beling regane sewu
c. Piring
beling isi gula
d. Piring
beling pecah loro
3. Terusna
parikan iki: Kupat janure tuwa, ….
a. Bocah
papat wis tuwa-tuwa
b. Mangan
kupat entek lima
c. Menawi
lepat nyuwun pangapura
d. Ana
kawat kanggo pencokan ula
4. Ing
ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?
a. Dara
mangan pari, durung bada wis nganyari
b. Manuk
emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
c. Good
morning selamat pagi, klambi kuning jenenge siti
d. Jaran
kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
5. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo
sapa?
Dideleng saka isine parikan mau awujud ….
a. Pitakonan
b. Pitutur
c. Pangolok-olok
(ngisin-isin)
d.
Ngandhani
6.
Jemek-jemek, gulane
Jawa.
Aja …….,
karo …….
Ganepe parikan kasebut kaya ing ngisor
iki, kajaba .....
a.
Ngenyek, kanca
b.
Golek , wong tuwa
c.
Ngenyek, wong tuwa
d.
Ngenyek,
sapadha-padha
7.
Suwe ora jamu, jamu
godhong kencur.
Suwe ra
ketemu, ketemu pisan maju mundur.
Parikan kasebut ngemu surasa .....
a.
Teteg atine
b.
Ragu-ragu
c.
Seneng atine
d.
Lara atine
8.
Endi parikan kang
surasane sindhiran?
a.
Manuk tuhu mencok
pager, yen sinau mesthi pinter
b.
Timun sigarane, ayo
mbangun negarane
c.
Anak dara jare
piyik, seneng nangga ora becik
d.
Dara mangan pari,
durung bada wis nganyari
9.
Tuladha parikan
kanggo mungkasi sesorah kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.
Kupat janure tuwa,
menawi lepat nyuwun pangapura
b.
Jenang sela wader
kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula
c.
Kupat kecemplung
santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
d.
Iwak sepat dimasak
santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten
10. Sing dudu titikane parikan yaiku .....
a.
Dumadi saka rong
ukara, saben saukara kedadean saka rong gatra
b.
Ukara kapisan
pinangka sampiran, ukara kapindho pinangka isi
c.
Kawengku ing
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
d.
Migunakake
purwakanthi guru swara
11. Godhong waru, Pating slebar.
Dadi guru, Kudu sinau.
Parikan kasebut kang luput ana ing tembung .....
a.
Waru
b.
Slebar
c.
Guru
d.
Sinau
12. Rambut dawa, disureni.
Sastra Jawa, diuri-uri.
Manawa parikan kasebut mawa paugeran (4 + 4) x 2 tembung diuri-uri ing parikan kasebut kakehan
sawanda, mula bisa diganti tembung sing tegese padha yaiku .....
a.
Edi peni
b.
Digemateni
c.
Dipepetri
d.
digoleki
13. Manuk emprit, mabur dhuwur.
Dadi murid, ......
Teruse parikan kasebut yaiku .....
a.
Kudu sregep
b.
Kudu manut
c.
Kudu mituhu
d.
Kudu jujur
14. Bang –abang jambu dersana
............................................
Eman-eman yen sembrana
Keduwung tembe burine.
Sampiran kang cocog kanggo gatra kapindho ......
a.
Yen gula regi
rasane
b.
Gula pasir legi
rasane
c.
Gula pasire legi
rasane
d.
Gulane pasir legi
rasane
15. ............................................
Kaduk uyah kurang legi
Piwelingku mring pra mudha
Nggayuha wulang utami.
Ukara kang cocog kanggo gatra kapisan ......
a.
Gawe kolak saka
klapa mudha
b.
Gawe kolak klapa
mudha
c.
Gawe kolak saka
pisang raja
d.
Kolak klapa mudha
16. Pitik blorok, netes siji.
Jare kapok, malah ndadi.
Parikan ing ndhuwur kedadean saka ....
a.
(4 wanda + 8 wanda)
x 2
b.
(4 wanda + 4 wanda)
x 2
c.
(5 wanda + 5 wanda)
x 2
d.
(5 wanda + 6 wanda)
x 2
17. Ing ngisor iki pinangka tuladha parikan bebas, ora kawengku
cacahing wanda yaiku ....
a.
Suwe ora jamu,
Jamu godhong tela,
Suwe ra ketemu,
Ketemu pisan neng kutha
Sala.
b.
Ana
lutung, rebutan mete.
Lung-tinulung, karo kancane
c.
Kopi bubuk, tanpa
gula
Aja ngamuk, gelis tuwa.
d.
Kembang dhondhong, tinandur tepining
gedhong.
Sugih omong, pratandha kawruhe kopong.
18. ?frmznPri .........
Ganepe parikan kasebut .....
a.
spluzkufubli
b.
anbytuku[roti
c.
furu=bfwisZv/ri
d.
sptukut]si
19.
?ankFr,j[rpiyik\,
sen_n=g, ......
Ganepe parikan kasebut .....
d. ffibecik\
e. mesQibecik\
f. tmBhbecik\
g. [aorbecik\
20. ...................................
prsisWkufujuju/.
Isine cecek-cecek ing gatra kapisan iku ....
a.
angulrubu=semut\
b.
[kokituwsksl
c.
anlwmbu/duwu/
d.
guljwrs[nX
GLADHEN
ULANGAN TENGAH SEMESTER 1
Wacan 1
Sengkut Gumregut
Langit wetan
sumamburat abang
Trontong-trontong
sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir
mutyara rinonce
Angawe-awe
manembrama tekane dina anyar
Nalika sang
surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara
muluk angaluk-aluk
celuk warga desa
Punthuk
Murih padha
mlumpuk ing bambinging gumuk
Selur andalidir
lir sela blekithi
Lumampah
datan ana pedhote
Pacul, arit,
dhandhang, linggis
Wus samekta ing
asta
Gya makarya
saiyeg saekapraya
Sengkut
gumregut tumandang kardi
Nambak-nambal
setu banda kang ambrol
Tangan-tangan
prakosa kinanthen tekad waja
Linambaran
sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul
baris
Pakaryan abot
lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus
kabanda pengkuh kukuh bakuh
(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)
1. Rumpakan
ing ndhuwur kalebu …..
a. geguritan
b. tembang
dolanan
c. tembang
campursari
d. tembang
macapat
2. Apa
sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?
a. Swara
dara muluk
b. Langit
abang
c. Srengenge
kang njedhul
d. Embun
esuk
3. Tembung
: Bagaskara, tegese padha karo ….
a. surya
b. angin
c. gunung
d. rembulan
4. Dara
muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.
Sing
dikarepake dara muluk yaiku ….
a. Swara
dara mbekur
b. Swara
kenthongan
c. Swara
ngeploki dara
d. Swara
sawangan manuk dara
5.
Nambak
nambal setu banda kang ambrol
Ateges
masarakat padha gotong royong ndandani …..
a. Kreteg
b. Bendungan
c. Dalan
d. Kalen
irigasi
6. Selur
andalidir lir sela blekithi. Tembung sela tegese
…
a. Arang-arang
b. Watu
c. Lemah
d. Sepi
7. Tegese
sesanti “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku …
a. Mempeng
nyambut gawe jalaran ana opahe
b. Nyambut
gawe kanthi semangat lan tekun
c. Mempeng
nyambut gawe tanpa ngarep-arep opah
d. Mempeng
nyambut gawe supaya kecukupan uripe
8. Maca
geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….
a. Gedhe cilike swara
b. Lirih lan serone swara sarta pasemone rai
c. Munggah
mudhune swara
d. Dawa
cendhake tetembungan
9. Maca
geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….
a. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
b. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
c. Patrap,
sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
d. Tingkah
laku nalika arep maca geguritan
10. Mengkono
uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….
a. Kanggo
mbedakake apik lan orane geguritan
b. Kanggo
mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
c. Kanggo
ngetokake pinter lan orane sing maca
d. Kanggo
nambahi greget anggone maca geguritan
Wacan 2
Pocung
1) Esuk iku para siswa padha ngumpul,
Aneng ngarep kelas,
Dhawuh guru kang den anti,
Guru dhawuh para siswa nambut karya.
2) Para murid wis nyawiske arit sapu,
Gathul pacul seblak
Kinarya aresik-resik,
Kanggo mahargya pengetan kamardikan
11. Tembang
Pocung iku kalebu golongane ….
a. Tembang
campursari
b. Tembang
dolanan
c. Tembang macapat
d. Geguritan
gagrag lawas
12. Tembang
Pocung ing ndhuwur ana 2 (rong) ….
a. Pada
b. Gatra
c. Guru wilangan
d. Pupuh
13. Tujuane
para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….
a. Kanggo
mengeti dina kamardikan
b. Kanggo
mahargya dina kamardikan
c. Kanggo
ngramekake dina kamardikan
d. Kanggo
memetri dina kamardikan
14. Tembang
ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan lan
guru lagu 8i mapan ing larik ….
a. Larik
3
b. Larik
2
c. Larik
1
d. Larik
4
15. Cacahing wanda ing
saben larik tembang diarani ….
a. Guru
gatra
b. Guru
lagu
c. Guru
wilangan
d.
Guru swara
16. Ana keyong, digawe sate.
Guyup rukun
kabeh wargane.
Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….
a. Geguritan
gagrag lawas
b. Parikan
c. Tembang macapat
d. Tembang campursari
17. “Aku
ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing cocok kanggo ukara mau yaiku ….
a. Piring
beling pecah loro
b. Piring
beling cacah pitu
c. Piring
beling regane sewu
d. Piring
beling isi gula
18. Terusna
parikan iki: Kupat tanpa santen
….
a. Bocah
papat ra bosen-bosen
b. Mangan
kupat entek pinten
c. Menawi
lepat nyuwun pangapunten
d. Ana uwong golek karsen
19. Ing
ngisor iki endi parikan sing isine nyindhir?
a. Dara
mangan pari, durung bada wis nganyari
b. Manuk
emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
c. Good
morning selamat pagi, klambi kuning jenenge siti
d. Jaran
kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
20. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo
sapa?
Dideleng saka isine parikan mau awujud ….
a. Pitutur
b. Pangolok-olok
(ngisin-isin)
c. Pitakonan
d. Ngandhani
21.
Rugi bandha sawetara naging tambah sedulur ,
kaya unine paribasan …..
a.
Tuna satak bathi sanak
b.
Obah ngarep kobet buri
c.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
d.
Saiyeg saeka kapti
22.
Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad,
kaya unine paribasan …..
a.
Tangan kumrembyah suku jumangkah
b.
Sepi ing pamrih rame ing gawe
c.
Rumangsa handarbeni wajib melu
hanggondheli
d.
Jer basuki mawa beya
23.
Ibu ngagem ali-ali awangun …….
a.
Gugur gunung
b.
Gunung sepikul
c.
Sri gunung
d.
Gunungan
24.
Gugur
gunung,
menawa ditulis nganggo aksara Jawa …..
a.
gugur\gunuz\
b gugu/gunu=
c, gugurGunuz\
d.
gu[go/gun=
25.
Gotong royong, menawa ditulis aksara
Jawa …
a. [go[to=[ro[yo=
b. gt=ry=
c. [go[toz\[ro[yoz\
d. [go[toz[ro[yo=
Wacan 3
Kerukunan iku
kaya kartika ing akasa
Nduweni papan
kang mardika
Kerukunan iku
kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi
jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku
kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji
sulaya
Ora bakal
nduweni daya
26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan
ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba
....
a. Lintang
b. Langit
c. Rembulan
d. Srengenge
27. Tembung kang nduweni teges langit ana ing pethikan
geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a. Kartika
b. Akasa
c. Mardika
d. Bagaskara
28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Dasanamane rembulan
yaiku ....
a. Kartika, taranggana, sudama
b. Candra, sitaresmi,sasi
c. Surya, raditya, rawi, srengenge
d. Pertiwi, buwana, kisma
29. Rembulan padhang,
yen ditulis Jawa .....
a. remB|ln\pd=
b. remB|lNpdz
c. remB|lnPd=
d. xmB|lnPd=
30. ?krukunNnHikukyf]ijiXlim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a.
Karukunan iku kaya
driji lima.
b.
Karukunan iku kaya
driji lelima.
c.
Karukunan iku kaya
driji-driji tangan lima.
d.
Karukunan iku kaya
driji-driji lima.
e. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1
Critakna isine
geguritan Sengkut Gumregut ing wacan 1 nganggo basamu dhewe!
2
Temtona guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!
3
Maca geguritan iku
kanthi awewaton 4 W, sebutna lan terangna tegese 4W kasebut!
4
Gawea parikan kang
isine : dadi murid iku kudu sregep sinau
5
Tulisen aksara
Jawa!
Suwe
ora jamu, jamu godhong tela.
Suwe
ora ketemu, ketemu pisan gawe lega.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar