Salahe Anak Apa Wong Tuwa
Rabu,
29 April 2015, Akhir-akhir iki fenomena penyimpangan sing ana neng remaja
lan dewasa saya amba salah sijine penyimpangan
mahasiswa . namung babagan iki wis kedadean awit biyen. Para pakar
psikolog mesthi ngupas perkara sing ora pernah ana enteke yaiku penyimpangan,
kaya bunderan ireng sing ora pernah ana tugele. Perkara penyimpangan kuwi perkara sing kompleks sing kedadean neng Indonesia, bebarengan karo arus modernisasi lan tekhnologi sing saya ngrembaka. penyimpangan biasane dilakokake remaja-remaja
sing gagal nglakoni perkembangan awake dhewe, Wektu kuwi remaja utawa masa
kanak-kanake. Secara psikologis kenakalan remaja kuwi wujud perkara sing ora
bisa dirampungake sing apik wektu masa remaja utawa kanak-kanak dening
pelakune. Ngatasi kenakalan remaja, brarti nata meneh emosi remaja. Trauma-trauma sing neng uripe kudu
dirampungake, kae kabeh kudu diwenehi lingkungan sing sejen karo lingkungan
sing sedurunge.
Sing
ditakokake: tugase sapa kuwi kabeh? Wong tua? Senadyan wong tua wis saya mumet
karo perkara pegawean lan beban urip liyane. Sedulur? Kae kabeh uga duwe
masalah dhewe. Ora gampang kanggo njawabe. Nanging wenehi lingkungan sing apik awit cilik,
disartai pamahaman perkembangan sing apik. Kenakalan remaja kuwi salahe sianak
apa wong tuwa? Merga akeh wong tuwa sing ora berperan sebagai wong tuwa sing
seharuse. Kae kabeh mukur nyedikake banda lan sarana sarta fasilitas kanggo
sianak tanpa mikirake kabutuhan batine. Wong tuwa uga sering nuntut akeh tapi
klalen menehi contoh sing apik kanggo si anak. Nalika ngomong babagan iman,
kita memperkarakake nilei, lan biasane nglalikake sesuatu, yakuwi pengaruh wong
tuwa. Didikan wong tuwa sing salah bisa bae dadi sabab sosiopsikologis utama
sing ditimbulake kenakalan remaja mau.
“Sebut
bae Yola”, mahasiswi saka Undip fakultas Ilmu Sosial lan politik jurusan Public
Relation D3 saikine wis semester enem, lagi usung-usung skripsi. Si Yola duwe
pacar arane Rafi Husain, mahasiswa saka Universitas Padanaran jurusan menejemen
semester loro. Wong loro kuwi wis pacaran kurang luwihe setengah tahun. Awal
mulane ketemu neng tempat kerja, pacaran sing dilakukake wong loro kuwi wis ora
selazime wong pacaran. wong loro kuwi menawa dibasakake kuwi kumpul kebo, dadi
saumah tapi durung ana ikatan pernikahan, babagan sing wis dilakokake yaiku
kaya ciuman, lan sapanunggale. Saben dinane sing dilakokake kaya wong umume
sing wis mbojo. Ngumbahkake klambine, ngater jemput kuliah lan kerja.
Penyimpangan sing ana neng kalangan mahasiswa ora namung kuwi mawon, “sebut bae
Tarjo” mahasiswa saka Universitas Padanaran semester loro jurusan menejemen,
Tarjo nduwe kanca sing ngonsumsi narkoba
arane Samad, gara-garane ngonsumsi narkoba mau perilakune Samad dadi sejen ora
kaya biyasane. Luwih cenderung meneng, sering dewekan, plonga-plongo kaya wong
sing bingung. Samad juga ngajak si Tarjo kanggo meluni, nanging Tarjo ora
gelem. Perilaku
sing wis dijlentrehake neng duwur mau, perilaku sing ora patut, uga ana sababe,
antawise yaiku faktor lingkungan sing paling utama, faktor keimanan, lajeng
faktor adoh sing wong tuwa. Kuwi mau kabeh penyimpangan-penyimpangan sing wis
dilakokake bisa diarani bentuk ekspresi merga pengin diperhatikake lajeng
kurange pondasi sing wong tuwane. Sebenere nurani generasi muda kuwi kepengin,
aja marai kita selingkuh, aja marai kita ngomong saru, ora jujur, males sinau,
males ibadah, nresnani banda sing kaluwihan, lan lali karo sang pencipta, yakuwi
Allah. Kenakalan kuwi ora namung identik
karo remaja, tapi malah kenakalan sing dilakokake karo wong tuwa (neng umah,
masarakat,)sing akhire uga Dadi inspirasi remaja kanggo nglakokake nakal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar