Rabu, 09 Desember 2015

Cerkak Basa Jawa

Mrebes Mili
Dening Herlita
2601414014

Wengi sepi ora ana lintang, namung langit sing peteng kena sabetane cahya sing rame neng dhuwur karo mudun ewunan banyu saka mata iki. Jam pitu wengi aku durung krungu swara adzan , aku usaha ngadem lan ngiyup nlesep neng wong-wong, nanging ora suwe aku milih mulih cepet. Sakleyaban neng jrone pikiran luwih apik balik cepet lan lungguh neng omah tinimbang meneng ngiyup dadine aku mulih tengah wengi.

Aku katisen banget, neng jero angkot aku nyoba emen ora ngrasakake lara sing ngganduli sikilku. Samudune aku sing angkot, aku selak nyebrang lan nyoba mlayu sabanter-bantere emen cepet tekan ngomah....
“ sssss...sss...sss... lara ma lara”
“sabar ya ndu, larane mengko mesthi ilang” karo mata sing mbanyu Mama ngurut sikilku.
Ngendikane guru mapel biologine aku, aku kaya ngene merga aku alergi atis. Saben nggal dina aku ngrasakake lara kaya ngene, aku nangis sabanter-bantere kanggo nahan lara sing tak rasakake saiki.
Ngesuke neng sekolah, sesuk iki aktivitas sing paling wiwit neng sekolah bareng kanca-kanca, ya kaya biyasane saben dina Senen iku jadwale upacara. Dina iki kahanane aku lagi kurang apik merga wingine aku bar kudanan dadine kaya ngene.
Nalika aku lagi penghormatan karo bendera merah putih, sawangane aku wis remeng-remeng dadi sajrone etungan detik aku ambruk. Esih krungu  cetha kanca-kanca padha ngundang arane aku.
“Lis,Lisma...tangi Lis”
Emang krasa ana wong sing nyoba ngangkat aku, aku pengin banget nyoba ngawe-awe tangan karo wenehi ngerti nek aku ora knangapa-apa mung aku nyoba nggerakake sikil ning iya kuwi ora bisa. Pengin banget aku ngadeg jejeg meneh dadi pandu mamaku neng upacara iku mung nyatane aku kangelan mbuka mata iki, kanca-kanca sing dadi anggota PMR iku nggawa aku neng ruang guru nyoba nyadarke lan salah siji ana sing nguculke kaos kakiku.
“Atis banget sikile, haduhh cepet wenehi minyak kayu putih” kandane Fajri ketua PMR.
“Lisss... tangi Liss”
Aku krungu lan ngerti banget swara iku, ya iku swara Winda sing nyekeli tanganku lan mbaluri minyak kayu putih ngusaha nyadarke aku. Nalika Winda nguculke tangane, tangane aku nyoba nyandhak tangane Winda lan mataku bisa tak buka nanging ora bisa aku nyawang jembar sacedhake aku. Kanca-kanca pada mbalur minyak kayu putih tangan lan sikilku nanging sing ana tambah atis lan raiku sansaya pucet.
Alon-alon aku nyoba tangi kanggo ngombe wedang anget sing wis disediakake dening Bapak Kepala Sekolah. Sawise upacara lubar siji sawijine guru padha niliki aku.
“Sapa sing pingsan” takone Bu Lutfah guru piket
“Niki Lisma bu” Wangsulane Winda
“Oh Lismawati nangapa, lagi lara tah”
Semaure nggo aku karo ngelus pundhake aku lan masang mesem sing manis. Pirang menite aku luwih milih lunga menyang kelas sing panggonane lumayan adoh karo posisine aku saiki, aku disaranke mulih nanging ORA! Aku ora gelem mulih. Dina iki ana mapel kesenanganku yaiku “Matematika”.
Telung dina kepungkur aku diizinke sekolah karo Mama merga awakku sing sansaya parah, dina kepapate aku gage kanggo mangkat sekolah.
“Lis...Lisma iki Mama nggawe sarapan kanggo kowe nduk” celuke Mama nyambi nggedor lawang, aku gage mbuka lawang.
“Lisma kowe arep mangkat sekolah”
“Enggih Ma, sarapane dibekta mawon nggih Ma”
“Lis, kowe esih lara nduk. Kowe aja mangkat sekolah sit, disehat-sehat emen cepet mari”
“Boten Ma, Lisma boten menapa-menapa. Niki Lisma saged jumeneng”
“Kowe ora gelem nurut karo Mamamu iki?” Pitakone Mama sing mendhuwur. Mama ngunci aku...
“Ma buka ma, ampun dikunci Lisma Ma. Lisma pengin sekolah ma... Mama”
Semaurku nyeluki Mama nanging Mama ora nggubris aku, aku gemboran nyeluki Mama dikancani watuk karo nggedog-nggedog lawang. Sajam lewat.....
“Mama ora gelem nek kowe tambah lara Lis. Kowe kudu akeh istirahat”
“Mama goroh. Mama boten sayang kaliyan Lisma!” wangsulanku karo nada duwur lan nendang lawang kamar.
Keprungu swara kunci muter, lawang kamar kebuka Mama nyikep aku.
“Mama ora ngapusi nduk. Mama sayang Lisma” nanging karo gemrusuk tak uculke sikepane Mama.
“Nek Mama sayang kaliyan Lisma. Izinke Lisma pangkat teng sekolah”
“Iya nduk,iya. Mama anter ya”
Satekane neng sekolah. Mama pacelatonan karo ibu guru , aku wis telat sajam pelajaran...
“Bu...Bu niku Lisma Bu, Lisma watuk lan mimisan” omonge Devi wwektu iku karo kaget merga wedi getih, gagea lapor. Wektu iku aku wani nyawang mripate Mama, nanging Mama mlebu ruang kelas.
“Lis kowe rapapa nduk” ujare mama karo nyikep lan nangis terus nggawa neng rumah sakit sing cedhak.
Mama ngomong, ngendakane dokter aku kurang istirahat merga aku kekeselen, panase aku saya dhuwur dadi aku watuk getih lan mimisen. Pirang dinane aku esih durung bisa melu jam pelajaran kaya biyasane.
Aku nglamun lan kegawa, kelingan nalika pirang dinane aku nendhang lawang terus Mama nyikep lan nangis. Aku ngetung dina,jam, menit, pengin banget rasane ati iki njerit tangan iki nggenggem mata iki tak meremke aku nangis mrebes mili. banyu mata? Mendi banyu mataku, rasa-rasane aku wis suwe ngrasakake lara sikil iki sing dahsyat banget, aku njerit nanging banyu mata iki ora teka. Nengendi banyu mata, ati iki kelingan mama. Mata iki kebuka kahanane aku wis mending, wektu iki mataku nglirik jam sing tembok iku.
“Hah? Wis hampir tengah wengi nanging kok Mama durung mulih kaya biyasane yah?, apa Mama nglembur. Nanging biyasane kan wenehi kabar”
Sesukane, aku digugah karo srengenge sing ngobori mata iki. Esuk-esuk kan apik kanggo mlaku-mlaku apameneh iki dina minggu. Krungu swara lawang sing mbuka, aku gage metu kamar weruh Mama nembe wae mulih.
“Mama kok nembe kondhur?”
“Iya ndhuk”
Wajahe Mama katon pucet, maune aku pengin ngajak Mama nggo mlaku-mlaku nanging rasane ora mungkin merga kahanane Mama lagi nkurang apik lan mungkin arep istirahat sawise adus mengko.
“Ma Lisma pangkat mlampah-mlampah riyin nggih boten lami kok, Lisma langsung wangsul Ma”
“Ya nduk ati-ati” wangsulane Mama karo swara lemes.
Samulihe aku, katon akeh wong neng jerone umah alon-alon aku nglangkah karo takon-takon ati iki jan heran banget ramene umah iku nalika aku nembe wae muncak ana neng nduwure tangga umah iki....
“hah?, Mamaaa....” aku njerit-njerit nyoba nangike Mama nanging apa undangan iku namung harapan.
Tante Ain nyikep aku wektu iku wenehi ngerti aku nek Mama ditemuke lagi ana neng latar mburi tiba pingsan karo selembar tisu sing kebak getih lan nalika iku uga tante Ain sing pertana kaline wweruh Mama nyoba nangikake Mama nanging Mama saiki wis ora ana.
Nalika Mama wis bar dimakamke....
“Lis, ayo mulih?” ujar tante Ain
“kowe rak papa to Lis?”
“Boten tante, Lisma boten napa-napa” karo swara lemes aku mangsuli pitakonan iku karo mesem.
Saiki wengi wis teka, karo nibakake awak iki neng dipan lemese awak lan raga iki sinambi nyikep potret Mama sing tak kangeni, aku bener-bener ora nyangka bakal kaya ngene dadine.
“Alhamdulillah Gusti, Tolong omongake aku neng sepertigane wengi iki aku bakal mesem lan gage njukut banyu wudhu. Sajrone pandonga aku neng wengi iki.....
“Ya Gusti, aku ora nyangka Mama bakal lunga secepet iki.”




Tidak ada komentar:

Posting Komentar